Celetukangobrol
Like very good post! "essaymarket.co.uk" need to say you did a great job and i really appreciate it!
12/16/13 @ 10:04 am
Advert [ShoutJax] Want to place your ad here? Advertise your website or blog cheaply at ShoutJax.com!
Coba Mantap
05/19/18 @ 5:41 pm
Advert [ShoutJax] Do you like this Shoutbox? Get your own for free at ShoutJax.com!
null Online
Jun
29
Petruk Dadi Ratu
Diposting oleh
Celetukan Segar
Celetukanopik :
Politik


petruk dadi ratu x2
nyangga pincuk udut crutu
ratu suralaya
patuhe narada
yen lungguh x2
sikil jigang munggah meja
cengengas cengenges
tambur kon nabuh dewa
jreng jreng jreng....
petruk dadi ratu x2
nyangga pincuk udut crutu
dewa dewa bingung
petruk ngaji mumpung
dipolne dipolne
nggone dadi jalwa tukung
mbendino mangan
nganti wetenge mlembung
jreng jreng jreng....
petruk dadi ratu x2
nyangga pincuk udut crutu
dadi ra karuan
ilange tatanan
ukume kuasa
wekasan si bagong teka
si petruk digeret
bali dadi menungso
jreng jreng jreng....
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Senin, 29 Juni, 2009
JEJER KRATON LOJITENGARA:
Prabu Tongtongsot Belgduwelbeh lenggah ing sitinggil binaturata kaadep dening Prabu Jayasentika. Prabu Jayasentika teluk marang Prabu Belgeduwelbeh saengga maringaken keprabon Lojitengara marang Prabu Tongtongsot. Nalika samanten Prabu Jayasentika nyumanggaaken catur garwane kang aran Retnaningrum, Retnawati, Retnaningsih dalah Retnawulan kinen ginarwa dening Prabu Tongtongsot. Prabu Tongtongsot datan maelu wanita-wanita kang sulistya ing warna wau. Dumadakan rawuhe keng abdi Jemunak arsa sapu-sapu. Eloking lampahan, Sang Prabu Tongtongsot malah kesengsem ing galih. 'Jayasentika adiku, yen iki aku gelem'. 'Sinuwun Jemunak niku amung abdi lho, kamangka keng prabu niku ratu gung binatara'. 'Ngertiya heh kabeh ae, aku iki ratu, yen pengin golek wong ayu gampang, nanging aku duwe karep arsa ngluhurake sipating abdi...'
Geger Jaba:
Praptane Patih Bushadata kang paring atur praptane bala Tri Nagari kang sampun sikep gegaman arsa nggepuk Lojitengara jalaran nampi nawala tantangan supados tumungkul marang Lojitengara. Bala Tri Nagari (Mandura, Dwarawati lan Amarta) kang den dombani dening Prabu Mandura, Arya Setyaki dalah para Pandawa kapapag dening Patih Bushadata lan Bushadati, Prabu Jayasentika lan Prabu Tongtongsot. Bala Tri Nagari kasoran lan dados telukan.
KARANG KEDEMPEL:
Ki Lurah Semar dalah Gareng lan Bagong nembe kemawon rembugan bab murcane Petruk Kanthongbolong. Dereng antawis dangu nggennya wawan rembug praptate ratu gung Sri Bathara Kresna. 'Jan nganeh-anehi kakang Semar, ana sawijinging ratu anyaran kang nyalawadi, hayo apa ta darunane...'. Budhal.
LOJITENGARA:
Prabu Tongtongsot nembe nyugata marang para kawulane. Daharan kang sarwa enak. Beksan robyong kang edi peni. Olah seni kang sarwa endah. Purna kembul bujana, gya ngandika Prabu Tongtongsot: 'Ingun arsa paring gawean marang sira kabeh, Prabu Baladewa, sira dadiya tunggu manuk ya, suaramu banter lan medeni'. Mangkono, sabanjure Werkudara jaga pakunjaran, Puntadewa dondom, Arjuna tunggu wong lara, Gathutkaca ngepek kambil, Nakula Sadewa angon bebek. Bubaran.
Sakrampunge andrawina Prabu Tongtongsot arsa semedi. Nalika samana, Prabu Belgeduwelbeh rengeng-rengeng pupuh Dandanggula,
... yen peteng aja liwung...
... yen padang aja mbungahi...
Rawuhe Prabu Kresna lan Kyai Semar:
'Sapa kowe?'
'Wis ora usah tambuh, Petruk aku ki bapakmu. Apa sababe kowe ngger isa dadi kaya mengkene?'
...
Sejatine Petruk amung damel pepenget marang para punden kang sampun nalisir saking bebener, lali marang para kawula alit lan nggedekaken kasukan pribadi.
Pungkasan lelakon, Jamus Kalimasada den aturaken dumateng Prabu Kresna. Prabu Tongtongsot Belgeduwelbeh badar dados sejatine Petruk.
Tancep Kayon.
sumber : http://sudarjanto.multiply.com/journal/item/508
Senin, 29 Juni, 2009
Lakon impian ini berkisah tentang orang bodoh yang beruntung menjadi raja. Melodrama mengenai gelandangan yang menjadi kaya dan lupa daratan (bahasa Jawa: kere munggah bale).
Petruk dadi ratu, menurut kolumnis Sindhunata, bukan lakonnya orang bodoh jadi raja, atau lakon orang kecil ber-aji mumpung, tapi lakon hinggapnya wahyu dalam diri rakyat. Siapa rakyat? Adakah hidup mereka baik dan hidup mereka bernilai?
Pertanyaan-pertanyaan seputar rakyat tampak laku laris manis karena ada mesin kampanye yang membuat efek simsalabim.
Baca lanjutan ulasan ini di : http://www.antaranews.com/view/?i=1245238887&c=ART&s=SPK
Selasa, 30 Juni, 2009
hiks.. dadi kelingan simbah sing seneng wayang..
brrrr... salam gonjang ganjing
Selasa, 30 Juni, 2009
saya ingat lakon petruk dadi ratu ini, dimainkan oleh WO Sriwedari dan direkam di studio Lokananta. Asik benar ceritanya. Petruk dadi ratu membuat geger dunia perwayangan. Lakon ini sekarang nyata di negeri ini.
Lagune mus mulyadi di atas itu kocak jg loh mas, saya masih nyimpen.
Selasa, 30 Juni, 2009
Wah Gus Kar, apa-apa punya!
Luar biasa.
Selasa, 28 Agustus, 2012
:11
Selasa, 11 November, 2014
Bagus ...banget...matur suwun ,.....kulo ijin kopi kagem tugas sinopsis basa jawa.....
Rabu, 18 Mei, 2016
:13
Posting Komentar